About Me

Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten


Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipin para sarjana sujaneng budi, para priagung pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang, mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahing dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pakaksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suaka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hangempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa/Ibu ……………..(ingkang hamengku gati), kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang/ dalu kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih manawi boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, keparenga langkung rumiyin kawula ndherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjengan sedaya, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu …………….., anggenipun angrakit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang/dalu kalenggahan punika, panjenganipun, Bapa/Ibu …………………..ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenganipun Bapa/Ibu ………………hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/Ibu …………………, hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenye putrinipun ingkang sesilih Rara ……………………., jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ……………….., putra kakungipun Bapa/Ibu …………………., ingkang pidalem ing……………Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambekala. Ingkang punka panjenenganipun Bapa/Ibu …….., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wonteno suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, mangih bagya mulya ingkang sinedya, rahayuning ingkang tinemu, basuki ingkang kaesti, enggal kaparingan pituwasing patembahan, momong putra, kanthi prejanjen Brayat Rinancang.
Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, ingkang punik panjenenganipun Bapa/Ibu…………….. ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.

Minangka puputing atur, manawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wnuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tatakrama, jenang sela wedar pari sasondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

0 komentar:

Entri Populer

Pengikut

 
Copyright© 2011 Annisa saja | Template Blogger Designer by : Utta' |
Template Name | Uniqx Transparent : Version 1.0 | Zero-Nine.Net